Lyrics Indonesia Adalah Situs berbagai Lirik lagu Indonesia,Barat,Baru Dan Terpopuler.

Lirik Lagu Sido Rondo - Shinta Arsinta feat Masdddho

Lirik Lagu Shinta Arsinta feat Masdddho - Sido Rondo

Kabeh iki ora perlu digetuni
Janjiku mbiyen, aku saguh ngenteni
Kowe lan aku muga dadi jodhone
Ora kena perawane, tak enteni randhane

Mbiyen mula sliramu wis tak aturi (ha-ah)
Golek bojo sing tresna welas sejati (ha-ah)
Pungkasane, sliramu digawe lara
Ora wurung, saikine dadi randha

Nanging piye, kabeh iki wis kebacut
Ibarat bubur ra bakal dadi sega
Mula getunku iki tanpa upama
Ngerti ngono, lamaranmu sing tak tampa

Ah, ah-ah
Ha-ah-ah-ah-ah-ah

Kabeh iki ora perlu digetuni
Janjiku mbiyen, aku saguh ngenteni
Kowe lan aku muga dadi jodhone
Ora kena perawane, tak enteni randhane

Ora nyana, sampeyan sabar ngenteni
Ing nyatane tresnamu tulus lan suci
Sing tak suwun, sing gedhe pangapurane
Andum tresna, bebojoan selawase

Mbiyen mula sliramu wis tak aturi
Golek bojo sing tresna welas sejati
Pungkasane, sliramu digawe lara
Ora wurung, saikine dadi randha

Nanging piye, kabeh iki wis kebacut
Ibarat bubur ra bakal dadi sega
Mula getunku iki tanpa upama
Ngerti ngono, lamaranmu sing tak tampa

Kabeh iki ora perlu digetuni
Janjiku mbiyen, aku saguh ngenteni
Kowe lan aku muga dadi jodhone
Ora kena perawane, tak enteni randhane

Kabeh iki ora perlu digetuni
Janjiku mbiyen, aku saguh ngenteni
Kowe lan aku muga dadi jodhone
Ora kena perawane, tak enteni randhane

Ora nyana, sampeyan sabar ngenteni
Ing nyatane tresnamu tulus lan suci
Sing tak suwun, sing gedhe pangapurane
Andum tresna, bebojoan selawase

Andum tresna, bebojoan selawase